KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
“4 GOLONGAN MANUSIA”
Oleh : K. Hamid
Baedowi, AH.
Pengasuh MTTQ “AT-TANWIR”
الْحَمْدُ لِلَّهِ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُولُهُ، اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الطَّيِّبِينَ الطَّاهِرِينَ، وَعَلَى مَنْ تَبِعَهُمْ
بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ.
قَالَ اللهُ تعالى فِي الْقُرْأنِ الْعَظِيْمِ
وَهُوَ اَصْدَقُ الْقَائِلِيْنَ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ,
بسم الله الرحمن الرحيم. ) يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا
اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ(
عِبَادَ اللَّهِ, أُوصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى
اللَّهِ وَطَاعَتِهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
Hadirin
jamaah jum’at ingkang berbahagia
Pertama-tama
kito ucapaken syukur الحمد لله atas nikmat ingkang sampun kito tampi
ingkang rupi iman soho islam. Mugi-mugi mawon kanthi nikmat iman soho islam
puniko saget mendorong energy ketaqwaan kito dumateng Alloh SWT. pramilo monggo
kito tingkataken taqwa kito dumateng Allah SWT. kanthi saestu taqwa. Sebab
taqwa menikolah penentu kebahagiaan wonten ing donyo langkung-langkung wonten
Akhirot.
Jamaah
jum’at رَحِمَكُمُ الله
Monggo
wonten kesempatan puniko, kito sareng-sareng berusaha menilai soho ningali
kondisi kehidupan ruhaniyah kito. Sejatosipun kondisi ruhaniyah meniko saget
berpengaruh dateng kinerja lahiriyah kito sedoyo, meniko sampung dados hokum
umum ingkang terjadi dumateng sedoyo menungso. Boten peduli piyambakipun
seorang menteri utowo kuli, anggota dewan kehormatan utawi anggota
perserikatan, pejabat utowo rakyat.
Terus
kados pundi caranipun kito mengkondisikan dunia batiniyah serta menghubungkan
aktivitas keseharian lahiriyah kito ?
Wonten
setunggal nasehatipun Syeh Abdu Qodir Jaelani رضي الله
عنه seolah-olah kondisi
meniko manggon wonten hati, lisan, lan wonten badan. Kondisi hati harus
senantiasa hidup dan aktif, sedangkan kondisi lisan saenipun kedah selalu pasif
atau mati, sedangkan badan harus selalu berkarya dan berkreasi.
Hadirin
jamaah jum’at رَحِمَكُمُ الله
Wonten
setunggal dawuh saking Syeh Abdul Qodir Jaelani رضي
الله عنه ingkang dipun nukil
panjenenganipun Imam Nawawi Al Bantani, Berpendapat bahwa Menungso niku dipun
bagi dados 4 golongan:
1. رَجُلٌ لاَ لِسَانَ لَهُ وَلاَ قَلْبَ
وَهُوَ الغَرُّ الغَبِيّ
Yoiku
kelompok manusia ingkang boten gadahi lisan soho ati secara haqiqi. Mereka
adalah pendurhaka dumateng Allah SWT. Tiyang ingkang kados mekaten puniko
calon-calon penduduk neraka jahannam. Kados ingkang dipun dawuhake Allah SWT.
wonten ing Al-Qur’an Surat Al-A’raf ayat 179 :
وَلَقَدْ ذَرَأْنَا لِجَهَنَّمَ كَثِيرًا مِنَ
الْجِنِّ وَالْإِنْسِ ۖ لَهُمْ قُلُوبٌ لَا يَفْقَهُونَ بِهَا وَلَهُمْ أَعْيُنٌ
لَا يُبْصِرُونَ بِهَا وَلَهُمْ آذَانٌ لَا يَسْمَعُونَ بِهَا ۚ أُولَٰئِكَ
كَالْأَنْعَامِ بَلْ هُمْ أَضَلُّ ۚ أُولَٰئِكَ هُمُ الْغَافِلُونَ
Yekti
temen-temen tak dadekno isen-isene neroko jahannam iku akeh soko golongan Jin
lan Menungso, sinten niku ? 1. Mereka adalah yang mempunyai hati utawi akal
tetapi boten kangge memahami ayat-ayat Allah SWT. malah terkadang naming kanggo
ngotak-atik ayatipun Allah untuk kepentingan pribadi ataupun golongan, utowo
kanggo alat politik lan sanesipun. 2. Nggadahi mripat tetapi boten kangge
ningali tanda-tanda kekuasaan Allah SWT. katah ningali maksiat dari pada
ningali ayat, katah ningali TV dari pada kanggo ngaji. 3. Calon-calon penduduk
neraka jahannam, yoiku Mereka nggadahi telinga tetapi boten kangge mirengke
ayat-ayatipun Allah SWT. katah mirengke ajakan-ajakan bodoh dari pada mauidhoh.
Tiyang-tiyang
ingkang kados mekaten puniko podo karo kewan ternak mungguh rendahe bahkan
lebih rendah dan lebih sesat. Mereka itulah tiyang ingkang lalai utawi lengah.
Ingkang
nomer kaleh setengah saking golonganipun menungso menurut Syeh Abdul Qodir
Jaelani رضي الله عنه :
2. رَجُلٌ لَهُ لِسَانٌ بِلاَ قَلْبٍ
فَيَنْطِقُ بِالْحِكْمَةِ وَلَايَعْمَلُ بِهَا يَدْعٌو النَّاسَ اِلَى اللهِ
تَعَالىَ وَهُوَ يَفِرّ مِنْهٌ
Yoiku
golongan menungso ingkang nggadahi lisan tetapi mboten gadahi ati, menungso
ingkang kados mekaten puniko pinter ngomong, pinter pidato/ceramah kanthi gaya
bahasa ingkang bijak, tetapi mboten purun nglampahi, bahkan mereka ngajak
tiyang-tiyang menuju Allah soho Rosulullah SAW. Tetapi mereka malah malah
menjauhkan diri. Tiyang ingkang kados mekaten bakal dibenci soho dibendu deneng
Allah SWT. kados dawuhipun wonten Al-Qur’an Surat As-Shoff ayat 2-3 :
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لِمَ تَقُولُونَ
مَا لَا تَفْعَلُونَ. كَبُرَ مَقْتًا عِنْدَ اللَّهِ أَنْ تَقُولُوا مَا لَا
تَفْعَلُونَ
Hai
wong-wong seng iman, kerono opo kuwe iso omong, iso ngucap, iso kandan, iso
ceramah, tapi kuwe ora nglakoni?. Ngono iku Allah benci, bakal bendu sebab kuwe
iso ngomong tapi ora biso nglakoni.
Hadirin
jamaah jum’at رَحِمَكُمُ الله
Ingkang
nomer tigo setengah saking golonganipun menungso menurut Syeh Abdul Qodir
Jaelani رضي الله عنه :
3. رَجُلٌ لَهُ قَلْبٌ بِلَا لِسَانٍ
وَهٌوَ مُؤْمِنٌ سَتَرَهُ اللهُ تَعَالَى عَنْ خَلْقِهِ وَبَصَرِهِ بِعُيُوْبِ
نَفْسِهِ وِنَوَّرَ قَلْبَهُ وعَرَّفَهُ غَوَائِلَ مُخَالَطَةِ النَّاسِ وَشُؤْمِ
الكَلاَمِ وَهُوَ وَلِيُّ اللهِ تعالى مَحْفُوْظٌ فى سِتْرِ الله تعالى
Yoiku
kelompok tiyang ingkang nggadahi ati tetapi boten nggadahi lisan. Mereka adalah
tiyang-tiyang mukmin ingkang disembunyikan Allah SWT. saking sepengatahuan
tiyang-tiyang sanes, soho peningalipun dipun rekso deneng Allah saking perasaan
hina akan dirinya sendiri, lan manahipun dipun paringi nur/cahaya deneng Allah
SWT. Kelompok puniko ngertos dampak bahayanipun katah kumpul menungso, serta
bahayanipun kakehan omong ingkang tanpo guno. Mereka itulah wali-walinipun
Allah SWT. ingkang senantiasa dipun umpetake deneng Allah SWT.
Tiyang-tiyang
ingkang boten gadah roso wedi, roso khawatir soho roso susah wonten ing donyo
puniko.
Dados
menawi wonten tiyang tasih kerso gersah kalih sepodo, soho gadah sifat penuh
kekhawatiran, penuh ketakutan atas Qodho’ Qodaripun Allah ingkang boten cocok
kalih kekarepanipun menungso, ampun pisan-pisan ngaku-ngaku waliyullah utawi
diarani/disebut walinipun Allah SWT.
Jamaah
jum’at رَحِمَكُمُ الله
Golonganipun
menungso menurut Syeh Abdul Qodir Jaelani رضي الله عنه
ingkang nomer sekawan yoiku :
4. رَجُلٌ تَعَلَّمَ وَعَلَّمَ وَعَمِلَ
بِعِلْمِهِ وَهُوَ الْعَالِمُ بِالله تعالى وايَاتِه اسْتَوْدَعَ اللهُ قَلْبَهُ
غَرَائِبَ عِلْمِهِ وَشَرّحَ صَدْرَه لِقَبُوْلِ الْعُلُوْم
Yoiku
kelompok tiyang-tiyang ingkang belajar lan mengajar soho purun ngamalke
ilmunipu. Nikulah tiyang-tiyang ingkang mangerti kebesarang Allah SWT. pramilo
saking puniko, Allah nitipaken ilmu wonten manahipun lan Allah melapangkan
hatinipun kangge menerima titipan-titipan ilmu kolowau. Menikolah ulama’ipun
Allah ingkang يَخْشَى اللَّهَ kados dawuhipun Allah
wonten Al-Qur’an Surat Al-Fatir ayat 28:
إِنَّمَا يَخْشَى اللَّهَ مِنْ عِبَادِهِ
الْعُلَمَاءُ ۗ
Mung
ulama’ ikulah sing wedi marang Allah, dados yen tiyang niku dereng gadahi rasa
takut dateng Allah mongko mboten saget disebut ulama’ lan mboten patut
ngaku-ngaku sebagai ulama’.
Pramilo
saking puniko, kalian kelompok ingkang terahir punikolah kito sedoyo kedah
Derek dawuh soho fatwanipun, kito sedoyo saget mencontoh, saget ngamplahi
dawuh-dawuh fatwa-fatwanipun, lan semoga kito saget termasuk dados golonganipun
kelompok ingkang nomer sekawan kolowau. Sehinggo kito saget dados tiyang ingkan
“Ketiadaan kita selalu dicari, kehadiran kita selalu dinanti, kepergian kita
selalu dirindui, kematian kita ditangisi dan kebaikan kita selalu diteladani”
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ
الْعَظِيمِ ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيهِ مِنَ الآيَاتِ وَالِّذكْرِ
الْحَكِيمِ .وَتَقَبَّلْ مِنِّي وَمِنْكُنمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ
الرَّحِيمُ.