Kamis, 15 November 2018

KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA 4 GOLONGAN MANUSIA



KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
“4 GOLONGAN MANUSIA”
Oleh : K. Hamid Baedowi, AH.
Pengasuh MTTQ “AT-TANWIR”
الْحَمْدُ لِلَّهِ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الطَّيِّبِينَ الطَّاهِرِينَ، وَعَلَى مَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ.
قَالَ اللهُ تعالى فِي الْقُرْأنِ الْعَظِيْمِ وَهُوَ اَصْدَقُ الْقَائِلِيْنَ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ, بسم الله الرحمن الرحيم. ) يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ(
عِبَادَ اللَّهِ, أُوصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ وَطَاعَتِهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.

Hadirin jamaah jum’at ingkang berbahagia
Pertama-tama kito ucapaken syukur الحمد لله   atas nikmat ingkang sampun kito tampi ingkang rupi iman soho islam. Mugi-mugi mawon kanthi nikmat iman soho islam puniko saget mendorong energy ketaqwaan kito dumateng Alloh SWT. pramilo monggo kito tingkataken taqwa kito dumateng Allah SWT. kanthi saestu taqwa. Sebab taqwa menikolah penentu kebahagiaan wonten ing donyo langkung-langkung wonten Akhirot.
Jamaah jum’at رَحِمَكُمُ الله
Monggo wonten kesempatan puniko, kito sareng-sareng berusaha menilai soho ningali kondisi kehidupan ruhaniyah kito. Sejatosipun kondisi ruhaniyah meniko saget berpengaruh dateng kinerja lahiriyah kito sedoyo, meniko sampung dados hokum umum ingkang terjadi dumateng sedoyo menungso. Boten peduli piyambakipun seorang menteri utowo kuli, anggota dewan kehormatan utawi anggota perserikatan, pejabat utowo rakyat.
Terus kados pundi caranipun kito mengkondisikan dunia batiniyah serta menghubungkan aktivitas keseharian lahiriyah kito ?
Wonten setunggal nasehatipun Syeh Abdu Qodir Jaelani رضي الله عنه   seolah-olah kondisi meniko manggon wonten hati, lisan, lan wonten badan. Kondisi hati harus senantiasa hidup dan aktif, sedangkan kondisi lisan saenipun kedah selalu pasif atau mati, sedangkan badan harus selalu berkarya dan berkreasi.
Hadirin jamaah jum’at رَحِمَكُمُ الله
Wonten setunggal dawuh saking Syeh Abdul Qodir Jaelani رضي الله عنه   ingkang dipun nukil panjenenganipun Imam Nawawi Al Bantani, Berpendapat bahwa Menungso niku dipun bagi dados 4 golongan:
1.      رَجُلٌ لاَ لِسَانَ لَهُ وَلاَ قَلْبَ وَهُوَ الغَرُّ الغَبِيّ
Yoiku kelompok manusia ingkang boten gadahi lisan soho ati secara haqiqi. Mereka adalah pendurhaka dumateng Allah SWT. Tiyang ingkang kados mekaten puniko calon-calon penduduk neraka jahannam. Kados ingkang dipun dawuhake Allah SWT. wonten ing Al-Qur’an Surat Al-A’raf ayat 179 :
وَلَقَدْ ذَرَأْنَا لِجَهَنَّمَ كَثِيرًا مِنَ الْجِنِّ وَالْإِنْسِ ۖ لَهُمْ قُلُوبٌ لَا يَفْقَهُونَ بِهَا وَلَهُمْ أَعْيُنٌ لَا يُبْصِرُونَ بِهَا وَلَهُمْ آذَانٌ لَا يَسْمَعُونَ بِهَا ۚ أُولَٰئِكَ كَالْأَنْعَامِ بَلْ هُمْ أَضَلُّ ۚ أُولَٰئِكَ هُمُ الْغَافِلُونَ
Yekti temen-temen tak dadekno isen-isene neroko jahannam iku akeh soko golongan Jin lan Menungso, sinten niku ? 1. Mereka adalah yang mempunyai hati utawi akal tetapi boten kangge memahami ayat-ayat Allah SWT. malah terkadang naming kanggo ngotak-atik ayatipun Allah untuk kepentingan pribadi ataupun golongan, utowo kanggo alat politik lan sanesipun. 2. Nggadahi mripat tetapi boten kangge ningali tanda-tanda kekuasaan Allah SWT. katah ningali maksiat dari pada ningali ayat, katah ningali TV dari pada kanggo ngaji. 3. Calon-calon penduduk neraka jahannam, yoiku Mereka nggadahi telinga tetapi boten kangge mirengke ayat-ayatipun Allah SWT. katah mirengke ajakan-ajakan bodoh dari pada mauidhoh.
Tiyang-tiyang ingkang kados mekaten puniko podo karo kewan ternak mungguh rendahe bahkan lebih rendah dan lebih sesat. Mereka itulah tiyang ingkang lalai utawi lengah.
Ingkang nomer kaleh setengah saking golonganipun menungso menurut Syeh Abdul Qodir Jaelani رضي الله عنه :
2.      رَجُلٌ لَهُ لِسَانٌ بِلاَ قَلْبٍ فَيَنْطِقُ بِالْحِكْمَةِ وَلَايَعْمَلُ بِهَا يَدْعٌو النَّاسَ اِلَى اللهِ تَعَالىَ وَهُوَ يَفِرّ مِنْهٌ
Yoiku golongan menungso ingkang nggadahi lisan tetapi mboten gadahi ati, menungso ingkang kados mekaten puniko pinter ngomong, pinter pidato/ceramah kanthi gaya bahasa ingkang bijak, tetapi mboten purun nglampahi, bahkan mereka ngajak tiyang-tiyang menuju Allah soho Rosulullah SAW. Tetapi mereka malah malah menjauhkan diri. Tiyang ingkang kados mekaten bakal dibenci soho dibendu deneng Allah SWT. kados dawuhipun wonten Al-Qur’an Surat As-Shoff ayat 2-3 :
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لِمَ تَقُولُونَ مَا لَا تَفْعَلُونَ. كَبُرَ مَقْتًا عِنْدَ اللَّهِ أَنْ تَقُولُوا مَا لَا تَفْعَلُونَ
Hai wong-wong seng iman, kerono opo kuwe iso omong, iso ngucap, iso kandan, iso ceramah, tapi kuwe ora nglakoni?. Ngono iku Allah benci, bakal bendu sebab kuwe iso ngomong tapi ora biso nglakoni.
Hadirin jamaah jum’at رَحِمَكُمُ الله
Ingkang nomer tigo setengah saking golonganipun menungso menurut Syeh Abdul Qodir Jaelani رضي الله عنه :
3.      رَجُلٌ لَهُ قَلْبٌ بِلَا لِسَانٍ وَهٌوَ مُؤْمِنٌ سَتَرَهُ اللهُ تَعَالَى عَنْ خَلْقِهِ وَبَصَرِهِ بِعُيُوْبِ نَفْسِهِ وِنَوَّرَ قَلْبَهُ وعَرَّفَهُ غَوَائِلَ مُخَالَطَةِ النَّاسِ وَشُؤْمِ الكَلاَمِ وَهُوَ وَلِيُّ اللهِ تعالى مَحْفُوْظٌ فى سِتْرِ الله تعالى
Yoiku kelompok tiyang ingkang nggadahi ati tetapi boten nggadahi lisan. Mereka adalah tiyang-tiyang mukmin ingkang disembunyikan Allah SWT. saking sepengatahuan tiyang-tiyang sanes, soho peningalipun dipun rekso deneng Allah saking perasaan hina akan dirinya sendiri, lan manahipun dipun paringi nur/cahaya deneng Allah SWT. Kelompok puniko ngertos dampak bahayanipun katah kumpul menungso, serta bahayanipun kakehan omong ingkang tanpo guno. Mereka itulah wali-walinipun Allah SWT. ingkang senantiasa dipun umpetake deneng Allah SWT.
Tiyang-tiyang ingkang boten gadah roso wedi, roso khawatir soho roso susah wonten ing donyo puniko.
Dados menawi wonten tiyang tasih kerso gersah kalih sepodo, soho gadah sifat penuh kekhawatiran, penuh ketakutan atas Qodho’ Qodaripun Allah ingkang boten cocok kalih kekarepanipun menungso, ampun pisan-pisan ngaku-ngaku waliyullah utawi diarani/disebut walinipun Allah SWT.
Jamaah jum’at رَحِمَكُمُ الله
Golonganipun menungso menurut Syeh Abdul Qodir Jaelani رضي الله عنه ingkang nomer sekawan yoiku :
4.      رَجُلٌ تَعَلَّمَ وَعَلَّمَ وَعَمِلَ بِعِلْمِهِ وَهُوَ الْعَالِمُ بِالله تعالى وايَاتِه اسْتَوْدَعَ اللهُ قَلْبَهُ غَرَائِبَ عِلْمِهِ وَشَرّحَ صَدْرَه لِقَبُوْلِ الْعُلُوْم
Yoiku kelompok tiyang-tiyang ingkang belajar lan mengajar soho purun ngamalke ilmunipu. Nikulah tiyang-tiyang ingkang mangerti kebesarang Allah SWT. pramilo saking puniko, Allah nitipaken ilmu wonten manahipun lan Allah melapangkan hatinipun kangge menerima titipan-titipan ilmu kolowau. Menikolah ulama’ipun Allah ingkang يَخْشَى اللَّهَ kados dawuhipun Allah wonten Al-Qur’an Surat Al-Fatir ayat 28:
إِنَّمَا يَخْشَى اللَّهَ مِنْ عِبَادِهِ الْعُلَمَاءُ ۗ
Mung ulama’ ikulah sing wedi marang Allah, dados yen tiyang niku dereng gadahi rasa takut dateng Allah mongko mboten saget disebut ulama’ lan mboten patut ngaku-ngaku sebagai ulama’.
Pramilo saking puniko, kalian kelompok ingkang terahir punikolah kito sedoyo kedah Derek dawuh soho fatwanipun, kito sedoyo saget mencontoh, saget ngamplahi dawuh-dawuh fatwa-fatwanipun, lan semoga kito saget termasuk dados golonganipun kelompok ingkang nomer sekawan kolowau. Sehinggo kito saget dados tiyang ingkan “Ketiadaan kita selalu dicari, kehadiran kita selalu dinanti, kepergian kita selalu dirindui, kematian kita ditangisi dan kebaikan kita selalu diteladani”
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيهِ مِنَ الآيَاتِ وَالِّذكْرِ الْحَكِيمِ .وَتَقَبَّلْ مِنِّي وَمِنْكُنمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar