KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
“IMAN DAN TAQWA SEBAGAI KUNCI KEBAHAGIAAN DUNIA & AKHIRAT”
Oleh : K. Hamid Baedowi, AH.
Pengasuh MTTQ “AT-TANWIR”
الْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ، الْجَوَادِ الْكَرِيمِ, سُبْحَانَهُ ضَمِنَ أَرْزَاقَ الْعِبَادِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الطَّيِّبِينَ الطَّاهِرِينَ، وَعَلَى مَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ.
قَالَ اللهُ تعالى فِي الْقُرْأنِ الْعَظِيْمِ وَهُوَ اَصْدَقُ الْقَائِلِيْنَ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ,بسم الله الرحمن الرحيم. (يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا). وَقَالَ تَعَالَى فِيْ أيَةِ اْلأُخْرَى : ( وَمَنْ يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَلْ لَهُ مَخْرَجًا وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ* وَمَنْ يَتَوَكَّلْ عَلَى اللَّهِ فَهُوَ حَسْبُهُ(
عِبَادَ اللَّهِ, أُوصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ وَطَاعَتِهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
Jama’ah jum’at رَحِمَكُمُ الله
Bertepatan bulan ingkang dipun mulyaaken Allah SWT. Inggih puniko bulan Dzulhijjah, soho bulan ingkang dipun sakralaken seluruh bangsa Indonesia inggih puniko bulan Agustus bulan Kemerdekaan Negara Rupublik Indonesia Kito sedoyo tasih pinaringan nikmat saget menangi bulan kekalih puniko. Pramilo patut kito syukuri kanthi ucapan Alhamdulillah lan kito tingkataken taqwa kito dumateng Allah SWT. Jalaran taqwa puniko suatu amalan ingkang penting kagem kawulanipun Allah SWT. Pramilo saking puniko, di dalam setiap seminggu sekali para Khotib Jum’at wonten pundi panggenan, bahkan seluruh dunia mewanti-wanti ajak-ajak taqwa utawi nglampahi sedoyo perintahipun Allah SWT. soho Rosululloh SAW.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Tetapi realitanipun utawi kenyataanipun kathah sedherek kito seiman ingkang dereng sadar bahwa taqwa puniko penting bahkan sangat-sangat penting. Keranten taqwa puniko perintahipun Allah SWT. baik berperilaku taqwa di dalam حَبْلٌ مِنَ الله maupunحَبْلٌ مِنَ النّاس . kados teseh kathah sedherek seiman kito ingkang dipun paringi kekuasaan deneng Allah dados penguasa rakyat, hobinipun berdebat ngantos lali kaleh ratyat, seneng berdiskusi tetapi tidak membuahkan hasil ingkang berisi, malah ngrembuk piye carane iso korupsi. Kathah sederek kito ingkang tasih remen ngurangi timbangan utawi takeran, utawi akad mu’amalah ingkang cenderung haram utawi riba. Kathah sederek kito ingkang seiman tasih aras-arasen nglampahi Sholat, nopo malih berjamaah, roso-roso nglampahi poso, eman-eman ngedalaken Zakat nopo malih Shodaqoh kanthi pinten-pinten alasan. نَعُوْذُ بِالله مِنْ ذَالِك . Lan tasih kathah sanget contoh-contoh perilaku ingkang dadosaken kito sedoyo tebih dumateng Allah SWT soho Rosululloh SAW.
Jama’ah jum’at رَحِمَكُمُ الله
Taqwa puniko saget nglumantari utawi saget dados sarana kulo panjenengan sedoyo dipun ridhoi, dipun tuntun, dipun ngapuro deneng Allah SWT. soho dipun paringi kabekjan baik di dunia maupun di akhirat. Kados janjinipun Allah wonten Al-Qur’an surat Al-Ahzab : 70-71
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا 0 يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا 0. ( الأحزا ب : 71-70 )
Bahkan taqwa puniko saget menyelesaikan masalah tanpa masalah. Kados masalah ruwetipun negoro, agomo, rumah tangga, pekerjaan, utowo masalah sanesipun. Menawi kito sedoyo purun taqwa, pasti dipun paringi solusi utawi jalan keluar deneng Allah SWT. nopo maleh urusan rizki utawi ekonomi. Allah sampun maringi resep utawi sampun janji wonten Al-Qur’an surat At-Tholaq : 2-3
.........وَمَنْ يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَلْ لَهُ مَخْرَجًا 0 وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ ۚ وَمَنْ يَتَوَكَّلْ عَلَى اللَّهِ فَهُوَ حَسْبُهُ......
seng sopo wonge nglakoni perintahipun Allah, lanang wedhok tuo enom gedhe cilek pangkat utowo rakyat, mesti Allah bakal paringi solusi utowo jalan keluar dari berbagai kesulitan nopo mawon, lan bakal diparingi rizqi ingkang tanpo kanyono-nyono.
Jama’ah jum’at رَحِمَكُمُ الله
Dados menawi wonten tiyang selalu mengalami pinten-pinten masalah tetapi mboten diparingi solusi deneng Allah, tiyang puniko perlu dipun cek tingkat keimanan lan ketaqwaanipun, berarti ada yang masih salah atas keimanan lan ketaqwaanipun.
Bahkan menawi wonten suatu Daerah, Negara utawi Desa, penduduk utawi warganipun purun estu iman lan taqwa dateng Allah SWT. pasti Allah bakal membukakan pinten-pinten barokah saking langit utawi bumi. Sebab sampun dipun janjiaken Allah SWT wonten Al-Qur’an Surat Al-Ahzab : 96
وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْقُرَىٰ آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكَاتٍ مِنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ
Tetapi menawi kito sedoyo sami nglampahi maksiat, nglampahi larangan-laranganipun Allah, mendustakan ayat-ayat Allah utawi mboten purun iman soho taqwa dateng Allah, maka Allah badhe nurunake azab sebab perilaku-perilaku kito sedoyo.
وَلَٰكِنْ كَذَّبُوا فَأَخَذْنَاهُمْ بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ
Menawi ningali dawuh meniko, bahwa wontenipun bencana, cobaan, ujian di dalam aspek kehidupan, mboten wonten malih kecuali ketidakpastian kito didalam keimanan lan ketaqwaan kito dumateng Allah SWT.
Pramilo monggo kito sedoyo bekerja keras rapatkan barisan, saling berpegangan tangan untuk melawan musuh ingkang paling besar, paling dahsyat inggih puniko memusuhi hawa nafsu. Sebab mboten wonten musuh ingkang lebih agung kejobo namung memusuhi hawa nafsu. Ingkang supados iman lan taqwa kito semakin kuat lan kokoh, sehinggo saget mawujudaken kito sedoyo saget dados tiyang ingkang Muttaqin, Aminin, Faizin مِنَ الدُّنْيَا حَتَّى الأخِرَه , lan mugi-mugi saget tercapai cita-cita bangsa Indonesia, cita-cita NKRI “Rakyat makmur, Bumi subur, sehinggo dados بَلْدَةٌ طَيِّبَةٌ وَ رَبٌّ غَفُوْر Gemah Ripah Loh Jinawi Toto Tentrem Kerto Raharjo”.
أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ, لَقَدْ كَانَ لِسَبَإٍ فِي مَسْكَنِهِمْ آيَةٌ ۖ جَنَّتَانِ عَنْ يَمِينٍ وَشِمَالٍ ۖ كُلُوا مِنْ رِزْقِ رَبِّكُمْ وَاشْكُرُوا لَهُ ۚ بَلْدَةٌ طَيِّبَةٌ وَرَبٌّ غَفُورٌ.
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيهِ مِنَ الآيَاتِ وَالِّذكْرِ الْحَكِيمِ .أَقُولُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللَّهَ لِي وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar